Friday, November 11, 2011

Diajeng (Kumpulan Puisiku)

Wis jeng,
Cukup semene athiku mbok tatoni
Netes luh tan keno disemoyo
Mbentoyong ing pikir ingsun
Atiniro Moprol dadyo sewalang-walang

Wis jeng,’
Tinimbang esuk rina keronto-ronto
Nyawang sesawangan samsoyo sakit
Sliramu wus ora mberduli
Mbiyen tresno banjur lamis

Wis jeng,
Aku wis trimo ngalah
Geni mati dadi mowo
Tresno ilang bareng srengenge
Nuju dinten wayah ndalu

Wis Jeng,
Jenengmu wus ilang tanpo kalis
matur nuwun mring sliramu
wus kerso dadyo wewayangan peni
Wewangun endah jroning manah

Wis Jeng,
Ing mburine pilar-pilar iki
Ing antarane wit-wit Cemoro
Ing Tlatare Balairung Gadjah Mada
Cuthel reroncening Asmoro


Duh Gusti,
Mugi kersoa paring pangaksami
Dumateng sedoyo kalepatan kawulo
Datan biso hangrungkebi
Rahmat Sih katresnaning Gusti

No comments:

Post a Comment